Rembugan Gladen Magersari

 Wengi iki paguyuban jemparingan Pametri Projo (PJPP) nganakake rembug gladen. Sedulur sepakat bakal digelar ing dina Setu Kliwon. Tanggal 14 Januari 2023  ing sasana PJPP. Wiwit esuk tabuh 8 tekan sarampunge. 

Para sedulur PJPP nyiapne barang lan ubo rampe. Wiwit papan lan perabotanne. Klebu kanggo nyawiske bebungah tumrap  penjemparing kang bisa nuncep ing bandhul.

Banteng P kang dadi pengarep ngajak marang warga sedulur PPJP padha akur lan guyub anggone nganakake gladhen iki. 

Sedulur jemparingan magersari kang bakal diundang ana papat. CAC, Widara Kandhang,Patri Jiwo lan Tunggul Wulung.

Rembugan lumaku kanthi lancar. Katutup kanthi dunga panuwun marang Gusti Alloh. 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Menyemai Penjemparing Sejak Dini

Syawal dan kangen

Rembug Paguyuban Pametri Projo